Featured Video

https://www.youtube.com/watch?v=34yTdtm05H8

Sinten ingkang mboten ngertos tradisi nyadran?

Kadosipun wargi Indonesia sampun sami ngertos kaliyan tradisi nyadran. Tradisi nyadran iku symbol anane gegayutane karo para leluhur lan Mahakuasa. Kanggo wong jawa kagiyatan taunan sing jenenge nyadran utawa manganan iku ungkapan refleksi social-keagamaan. Iku kabeh dilakoni karo salahsawijining masyarakat ing desa Sambong Kec. Purwosari Kab.Bojonegoro iku dianakake kanggo ziarah ning makam leluhur.

Tradisi Jawa pancen unik,  nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Tuladhanipun masyarakat ing desa Sambong Kec. Purwosari Kab.Bojonegoro nganakake ziarah ning makam leluhur. Manganan iki salah sijine wujud pelestarian warisan tradisi lan budaya nenek moyang.

Amarga budaya masyarakat iku wus ngraket dening masyarakat ndadekake masyarakat jawa njunjung tinggi nilai-nilai luhur kabudayaan.

Acara nyadran iku erat kaitane kaliyan adat lan istiadat Jawa. Apa maneh yen masyarakat gelem ngrembakakake, adat istiadat sing ana iku bakal dadi salah sijine wisata budaya sing adi luhung. Apa maneh tradisi kasebut nganti saiki isih ditindakake lan nduweni nilai islami. 

Tradisi nyadran yaiku pesta rakyat sing awujud bentuk rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. Acara manganan utawa nyadran lumrahe saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing dirindakake ing sendang, kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane desa-desa.

Sakliyane mengeti nyadran utawa manganan sing nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad yaiku supaya ora ana gangguan roh jahat lan mahluk alus.

Tradisi nyadran tumrap wong jawa dianggep wigati banget.
Umume ditindakake ing sasi Ruwah (saka tembung arab arwah)
. Tradisi nyadran ora bisa pisah karo kembang utawa sekar. Mula ana istilah nyekar para leluhur nganggo uba rampe kembang (mawar, kenanga, mlati, telasih lan liya-liyané). ana ing bebrayan, kembang dadi pratandha (lambang, simból) sesambungan utawa talirasa tresna, asíh, dúhkita, sungkawa lan liya-liyane. Tradisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahít nganti saiki.
Pakurmatan kanggo leluhur isíh lestari tekan saiki lan dipepetri deníng masyarakat, khususe ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduweni surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan eling marang leluhur. 
Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, mula bukane saka tembung latin tradere utawa tradition tegese ” maringake saka ndhuwur”. Sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang adi(luhur, luhung).

2 komentar:

  1. maturnuwun mas, infone kanggo nggarap tugas. kunbal neng www.ekorcincin.com

    ReplyDelete

About Author

blog ini berisi materi pelajaran, khususnya pada saat ini kurikulum 2013
untuk contact person bisa hubungi 0857832893