Mitoni
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis
duwe raga sing sempurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, jabang bayi umur 7
sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping
7. Urut-urutane acara yaiku 1)siraman, 2)nglebokake endhog pitik kampung ning
njero kain calon ibu dening calon bapak, 3)salin rasukan, 4)nglebokake klapa
gadhing enom, 5)medhot lilitan benang (janur), 6)mecahake wajan lan gayung, 7)nyolong
endhog, lan pungkasane yaiku 8)kendhuren.
Acara siraman mung dianakake
kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake
ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti bengi utawa dina Jemuah
awan nganti bengi, sadurunge wulan 'purnamasidhi'.
----------------------------------------------
Pengertian Mitoni - Pengertian Upacara Mitoni - Upacara Tujuh Bulanan Mitoni
Materi Basa Jawa Kelas IX
0 komentar:
Post a Comment
Click to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.